Jumat, 15 Juli 2011

SEJARAH DESA BUNGO KEC.WEDUNG KAB.DEMAK



SEJARAH DESO BUNGO
                Bab riwayat singkat Deso Bungo mundut silsilah saking tiyang-tiyang sepuh lan golongan Ta’yi’ ipun Mbah Panji Kusumo,antawisipun:Mbah Marwi,Mbah Sukardi,Mbah Suwardi (juru kunci)                  Ki Anwar,Mbah Banjar.Dene poro sesepuh ingkang manggehaken makom-makom agung ing Deso Bungo:
 

1.Mbah K.H Adnan saking Mejobo Kudus                                 :Manggehaken makomipun Ki Citro Moyo

2.Mbah K.H Syamsudin saking Bandungsari Purwodadi              :Manggehaken makomipun K.H Nur Salim (Hafidl Qur’an)

3.Mbah K.H A Fauzi saking UjungPasir Wedung Demak     :Manggehaken makomipun K.H Nawawi (Hafidl Qur’an)

                Riwayat meniko ugi mundut saking bukti sejarah ingkang arupi nami-nami saben utawi kali lan rowo.Petilasan kados gerumbul gong,wadung tempak kali gejug/kali teken/kali seret,peninggaln kados karang bang,watu bengker,watu ketegan,tugu lampit dll.
               
Bungo meniko saking tembung mambu lengo (Lengo Jayeng Katon).Ugi wonten kekandan saking tembung Bungaho,sebab cikal bakale Deso Bungo putrane Ratu Kediri.Dene makom-makom agung ingkang wonten Deso Bungo:
1.Makom Mbah Panji Kusumo lan garwanipun Dewi Kubro (Kebro’)
2.Makom Mbah Citro Moyo lan garwanipun Dewi Karsi (Sukesi)
3.Makom Mbah Nur Salim Al-Hafidl keluarga kesultanan kasunanan Cirebon
4.Makom Mbah Cirebon (Sabdodadi/Syekh Abdul Karim) putro Syekh Abdul Jalil Mantingan
5.Makom/Petilasan Mbah Bagus Santri (Sunan Ngadilangu) Putro Sunan Murio
6.Makom Mbah Singo Broto pengawal ipun Mbah Panji Kusumo (Dereng Ketemu)
7. Makom Mbah Tembayat pengawal ipun Mbah Panji Kusumo (Dereng Ketemu)
8.Makom Mbah Wiro Yudo adik kandung ipun Mbah Citro Moyo (Dereng Ketemu)
9.Makom Syekh Hasyim wonten bates Sepat (Dereng Ketemu)
          10. Makom Mbah K.H Nawawi Al-Hafidl

        Poro pengageng-pengageng meniko rumiyen Derek mbangun kawontenan ipun Deso Bungo.Mugi- mugi atas jasa nipun lan perjuanganipun pikantuk ridhonipun Allah dadoso amal ingkang sholeh lan saget manfaati dhumateng anak putu sambikolo.Pinarengono rahayu slamet wilujeng kajembarano rizqi ingkang katah lan barokah desane dadi genah ripah lohjinawe toto titi tentrem ayem.,subur kang sarwo timandur rakyate gumregah gotong royong podo nyambut gawe oleh koyo kang berkah keno kanggo sangu ngibadah ngantos sami dumugi Haji ing Mekkah lan ziaroh wonten Madinah lan makom ipun Rosulullah SAW.

WILAYAH DESO BUNGO JAMAN KUNO

Bungo rumiyen dibagi dados 7 wilayah:
1.       Bungo Asli (Lama):Lingkungan kali gejuk lan kali teken/kali seret sak wetane kali tengah
2.       Bungo Kauman:Kulone kali tengah kidule kali lanang
3.       Bungo Telogo Tumpang :Lor kali teken/seret wetan kali masjid Baiturrohim
4.       Bungo Telogo Sari:Daleme Yi Awet/Bpk Sudanun sak pengalor
5.       Bungo Karang Sari:Kali Darussalam sak pengetan
6.       Bungo Pekojan:Kali Tengah sak pengulon naganti kali Kulon ngarep Balai Deso Bungo
7.       Bungo Karang Panas:Kali Kulon ngarep Balai Deso Bungo  sak pengulon

Keterangan :
     
1.       Bungo Asli (Lama):Sebab ing papan kono Mbah Panji Kusumo sak keluarga miwiti damel griyo kang di panggeni lan gawe mesjid alit kang aran mesjid Gersik soko tembung pinggir kisik
2.       Bungo Kauman:Sebab awit biyene sak ba’dane mesjid Gersik papan panggenane mesjid dipindah ing panggonan kono nganti sak iki
3.       Bungo Telogo Tumpang :Sebab ing papan mriku wonten telogo kang banyune bening ler kadiyo koco biso kanggo pengungsen wong sak Bungo lan sumbere ora entek-entek senajan wektu ke tigo dowo sebabe numpang kali teken/seret kang tuk sumbere songko kali gejuk
4.       Bungo Telogo Sari:Sebab pemekaran saking Telogo Tumpang kerono akehe wong sing dong manggon ing Telogo Tumpang mulo di mekarake mengalor kanthi bates daleme Yi Awet sak pengaler
5.       Bungo Karang Sari:Sebab papan kono biyene rupo pekarangan kang indah katon asri kerono di ubengi kali kang bayune mili-mili muteri papan pekarangan kono
6.       Bungo Pekojan:Sebab ing papan kono naliko Mbah Panji Kusumo mbabat alas nemoni gangguan dedemit lan jin periprayangan kang abot nganthi pikire sumpek lajeng ndamel pepujan
7.       Bungo Karang Panas:Sebab ing papan kono anggenipun Mbah Panji Kusumo mbabat alas sanget alot,susah,lan angel selajeng di obong

Dene wilayah Bungo Lor asale rowo jam-jaman sebab gede cilik’e bayune melu robe segoro.Lan Kali Wulan asale namung dumugi Kali Alang kang malang mengalor muarane neng kali lobang naliko jaman Londo kali Alang dialangake mengidul dilurusake mengulon nganthi mbedah Deso Bungo,dadi  wong kang omahe keno bangunan kali di paring ganti rugi  nuli ono kang mbalek ngumpul ngidul ono kang mbubak dukuh anyar ono ing pinggire rowo jam-jaman nuli Londo gawe kretek kang dhisek ing arah wetan lan  kracak’an/bendungan kang saiki iseh ono bekase ing ngisor kretek/jembatan saiki.

MBAH PANJI KUSUMO

         Cikal bakal Deso Bungo asmane Panji Kusumo.Priyantun saking jawa timur putro Ratu Kediri.Sakibul Hukayah konda putro saking garwo selir,naliko kerajaan Kediri diserang gelang-gelang dipun dawuhi ramane jengkar saking kraton golek tanah ingkang wonten tengahe selat Murio kanthi ngelampahi lelono ngantos dumugi Deso Bungo,kang naliko iku isih rupo pulo cilik kang ono tengahe selat murio.Kacarito Mbah Panji Kusumo meniko tiyang ingkang miwiti babat Deso Bungo keranten ketingal gawat panjenengane nglampahi tirakat/topo broto rumiyen,ingkang tingkah ipun ngimbo kados tiyang ingkang pados ulam wonten lepen/kali,kanthi bekto alat kados Cundrik nanging bocong ipun dipun ketok dados ulam ingkang mlebet saget medal malih,keranten meniko namung srono lelaku topo broto.Rinten dalu kuyas-kuyus krubyak-krubyuk wonten sak lebete lepen,mboten dahar lan minum ugi mboten sari menawi seliranipun kraos asrep/dingin.Selajeng mentas golek karas/kayu lan godong-godongan kang gareng,perlune dibakar kangge manggang awak,menawi kraos pero/hangat,nuli jegur maleh mekaten ngantos wongsal-wangsul.Keranten asring ipun manggang awak pramilo dipun juluki Ki Panggang.

     Enggaling cerito naliko ing tengah babat alas,Mbah Panji kerawuhan tamu priyantun saking Cirebon,asmane Syekh Nur Salim,kandane wongkang cerito Al-Hafidl (Apal Qur’an).Nanging mboten antawis dangu anggen ipun bantu panjenenganipun gerah/sakit ngantos sedo lan dipun sareaken wonten sebelah ipun Mbah Panji Kusumo sak meniko.Kandane wongkang cerito Syekh Nur Salim isih garis keturunan kasultanan kasunanan Cirebon.

          Enggaling cerito sak sampunipun rampung anggenipun mbabat alas saklajeng ipun ndamel griya kangge keluarganipun,dene garwanipun Mbah Panji Kusumo asmanipun Dewi Kubro/Dewi Kebrok kang jejuluk Dewi Nawang Wulan lan gadah putri setunggal kang asmanipun Dewi Karsi/Dewi Sukesi kang jejuluk Nawangsih lan ono kang kondo Putri mupu/anak angkat.

            Wonten cerito arikolo masjid Demak dibangun soko nipun kirang setunggal dados sedoyo murid ipun kanjeng Sunan Kalijogo dipun kerahaken luru/golek kayu jati kangge soko meniko,wonten ingkang ngetan (Purwodadi/Blora) wonten ingkang ngidul (Ungaran) ugi wonten ingkang ngaler (Murio/Jepara).Sedayane gagal ingkang ngetan namung dumugi Jati Srono(Jati Sono) ingkang ngidul namung dumugi Jati Ngaleh/Bukit Kreo(Semarang) semanten ugi ingkang ngaler namung dumugi Jatiman(Wedung Demak).
               
           Enggaling cerito masjid Demak jumeneng kanthi 4 soko guru kang setunggal guna aken tatal sebab sedoyo utusan ipun kanjeng Sunan Kalijogo  gagal.Wondene utusan ipun kanjeng Sunan ingkang diutus mundut jati ing laladan wukir murio inggih meniko :
1.Mbah Bagus Santri/Sunan Ngadilangu putrane Sunan Murio putu wayahipun kanjeng Sunan Kalijogo ugi peparap R.Sulaiman.
2.Mbah Sabdo dadi/Syekh Abdul Karim putro Syekh Abdul Jalil Mantingan ugi putro wayah ipun Syarif Hidayatullah Sunan Gunung Jati Cirebon,ari kolo lelampah kundur mundut  Kajeng (Kayu) Jati ing telatah wukir murio gelis ing lelampah dumugi kisek  Deso Bungo kajeng wau mboten saget lumampah keranten kenceng angin ipun nanging kanthi semangat jati kalo wau dipun seser-seseraken supados enggal dumugi Demak ing wayah dalu mulo papan mriku kinaran Serman sebab piyantun 3 ingkang mandegani R.Sulaiman dereng dangu anggene mlampah dumadaan dateng maleh saking arah kidul angin kenceng lan mendung kliwungan kang gumantung koyo-koyo arep udan mulo dinaran Angin-Angin lan Mandung nanging piantun-piantun kolo wau mboten putus asa terus di ketapake kekuatan lan kadigdayan ipun mulo diarani Ketapang ananging jati wau ora biso maju sebab angine tambah kenceng lan gebor-gebor bareng wes rodo sidem angine  dumadaan saking arah kilen wonten padukuhan alit  ingkang aran Sadon lan ingkang bahu Rekso aran Ki Sindung Riwut keno dene wong kang cerito Ki Sindung ngerti yen ono utusan Demak kang gowo kayu jati supoyo ora biso dumugi Demak deweke gawe goro-goro nekakake  angin gede lan mendung nuli ugo ngutus wong-wong Sadon supoyo ngantek/Batik lan Buduti gentri alat kanggo golek iwak nuli ayam jago podo kluruk lan paating bretok koyo-koyo wis esok piyantun-piyantun kolowau selirane sami leres lan nglempuruk mulo di arani buruk selajeng sami rehat(aso)lan rembagan sinambi nuggu wekdal kang rejo mulo aran samba reja nuli kayu di cancan ing papan kono arane Jatiman soko tembung R.Sulaiman ono kang kondo soko tembung Jati Siji die ma-ema,mboten antawis dangu nuli mutusaken mboten bade kundur wonten Demak lan bade ngumpet akhir ipun lumapah wonten Deso Bungo lan sami nyuwito dating Mbah Panji Kusumo.

           Ananging piyantun kolowau was-was menawi dipun luru prajurit utawi utusan saking Demak.Selajeng nyuwun ijin Mbah Panji Kusumo Derek delek/ngumpet wonten sebelah ipun Mbah Panji Kusumo.Enggaling cerito utusan saking Demak rawuh wonten dalem ipun Mbah Panji Kusumo  kandane wong kang cerito utusan Demak kolowau mboten sanes kanjeng Sunan Kalijogo sak sampunipun dipun luru/digoleki mboten wonten selajeng kanjeng Sunan dawuh hiyo wis yen iki kekarepanmu tak ijini nanging seliramu kabeh kudu bali menyang Demak disik,ananging piyantun tigo kolowau tetep mboten kerso,sebab ijin/malu anggenipun ngemban tugas mboten hasil utawi kawatir menawi dipun pidono selajeng kanjeng Sunan gejug aken sukunipun wonten lemah/siti lan sak naliko piyantun tigo kolowau kaget jumbul lan sujud wonten ngersanipun kanjeng Sunan lan sami nyuwun pangapunten dumadaan lemah ingkang kagejug kolowau ngedalake toyo/number mulo di arani.sumur gejug/kali gejug,kangge nglancaraken toyo saking sumur kolowau selajeng kanjeng Sunan nyeretaken teken kali seret kerantun sampun milih netep wonten Deso Bungo selajeng Mbah Panji Kusumo maringi laladan utawi tanah perdikan.Mbah Bagus Santri keparingan tanah sak petak awit makom ipun sak pengidul notok Kali Gaplok.Semanten ugi Mbah Sabdo Dadi utawi Mbah Cirebon ugi diparingi tanah sak petak ingkang wonten kidul kuburan mulo diarani sawah Cirbonan dene Mbah Tromoyo dipun angkat dados mantu lan kadau paken kaliyan Dewi Karsi putri nipun Mbah Panji Kusumo lan diparingi tanah sak petak lan manggen ing dalem ipun Mbah Panji Kusumo kang sak meniko dados dalem ipun Mbah Kusnan kang jaman rumiyen ugi dalem ipun Mbah Nawawi.                      

Kacarito:
               Ki Lembu Suro pawongane gagah,kuning kulitane,yen mlaku kaireng gamelan lan joged sak kloron pramilo tiyang  Bungo sami ajrih lan kuwatir yen mengkone kanggo nyerang lan tarung kaliyan Deso Bungo akhiripun tiyang Bungo sami ngumpul ngajak rerembagan lan matur wonten damelipun Mbah Citro Moyo nanging pungkasane rembag mboten wonten ingkang wanton ngadepi tetarung tanding kaliyan jago Kramat lajeng sami bubar anggenipun rerembagan lan mboten ngasilaken,mekaten sakterusipun akhiripun sawiji dino ing wayah ndalu kang padang njingglang nanging dadi peteng ndedet Deso Bungo ler kadiyo katutup mendung kepriyantenan lan kasusahan,Dewi Karsi ing ingkang garwo dalem (Mbah Citro Moyo) sesambat kanthi memelas kaseksenan tumeteseng banyu loh ono lekuk pipi kanthi ngucap : ” Duh Gusti !!! Romo,sak umpaminipun kawulo meniko jejereng priyo mestinipun kulo dados satriyo dutaning bongso lan majeng wonten palaganeng yudha dados senopati neng perang lan badhe ngawonaken lan ngusir dateng mungsoh kang dadi pepalang ing negari ugi ing kang badhe njungkeng kawibawaan tanah leluhur meniko Romo,ananging kawulo naming jejering wanito menopo kulo pantes badhe majeng dados Srikandi neng  peperangan,keranten sampun mboten wonten piyantun jaler ingkang sagah lan wantun mandegani dados pende karing negari ngadepi mungsoh ingkang sampun nyolo wadi kase tenipun.” Mboten kanyono sambat ger sulaning Dewi Karsi kepireng Mbah Citro Moyo.
               
            Sak naliko panjenengane rumaos lingsen ing kawibawaan,minongko jejering priyo kang dadi sesepuh ing deso,ora biso ngrampungi reribet kang ganggu ketentramane deso.Mboten kanyono dumadaan untep pikiripun lan medal watak-watek ing satriyo,nuli nyaket  sesandingan kalian Dewi Karsi lan dawuh: ” Duh Yai garwo ningsun seliramu ojo katon nglangut anggonmu mikir ing babagan iki.Aku janji demi Gusti  dzat kang akaryo jagat kanthi sineksenan wengi kan kepaesan lintang-lintang lan rembulan,bombongno atimu Yayi ojo sumelang,wis aku dewe kang tumadang dadi seno patineng peperangan iki,lan minangkani dadi jagone wong Bungo.

          Mulo sesuk aku jaluk pamit arep budal menyang kedung waru sak perlu nyuwun pangestu kanjeng Romo lan ngampil pusoko mustiko Bulus Putih tinggalane kanjeng Romo.Ugo ono kang kondo yen mustiko Bulus Putih iku parengane Dewi  Karsi tinggalane Mbah Panji Kusumo,ugo ono cerito angsale Mbah Citro Moyo saking tirakatan.

              Sak bidalipun Mbah Citro Moyo  wonten kedhong waru lajeng kondaripun damping adhik  ipun ing kang asmo Ki Wiro Yudho,naliko lampah ipun dumugi ing kali alang pusoko dipun cubi,Mbah Citro Moyo silem sak jerone banyu nuli mentas ananging pengagemipun mboten teles ateges gareng mekaten dipun wangsuli ngantos kaping tigo kanthi mantep tekad lan tetekeng piker nuli kondor wonten Bungo,sak sampunipun dumugi  dalem dalu nipun ngawontenaken rerembagan kaliyan wargo Deso Bungo ngenani babagan ngadepi jago Kramat ananging tetep mboten wonten ingkang wanton lan nyanggupi,pungkasani rembag sami sarujuk bilih ingkang dados jago seno patine perang inggih Mbah Citro Moyo piambak ananging sak derengipun bidal ing palagan dipun suwun sami tirakatan,nglampahi poso lan bersihaken awak lan ati sangking doso supoyo anggeni mangkat perang murih kemenangan Mbah Citro Moyo ugi nderek nglampahi poso.

           Kanthi nyuwun pitulung soho kekiatan sangking ngarsane Gusti ,ananging dereng ngantos rampung anggenipun sami nglampahi tirakatan wes ora sabar malih lan padha mekso nggugu karepe dewe-dewe sebab miring yen wong Kramat sampun toto-toto badhe nyerang Deso Bungo pramilo tiyang-tiyang Bungo sami ngajak kumpul wonten damelipun Mbah Citro Moyo lan nyuwun supadhos enggal lukar sangking lelampah poso lan bidal mapakaken jago Kramat sak wadya balane,enggaling carito keranten Mbah Citro Moyo tiyang ingkang prasojo lan wicaksono soho teges lan limpat pikeripun mestine mboten purun ngecewak aken dhateng warganipun.Ing wekdal dalu malem seloso kliwon wargo Bungo dipun kempalaken maleh,wonten dalemipun Mbah Citro Moyo sak perlu ngerembag lan ngatur  tata carane perang ngadhepi musuh.Arikolo wes manjeng esok bebarengan keluruke jago saot-sinaotan lan ocehaning peksi kang ngramekake kahanan  wargo  Bungo tanpo ginugah wes padho tangi dewe-dewe lan toto-toto nyiapake ugo rampehe bekal lan perabotan kanggo maju ing palagan nuli padho ngumpul ono daleme Mbah Citro Moyo,naliko gumebiyaring suryo wes ketingal nyemburat padhang lan katon esok kang jingglang kanthi nudge’aken posonipun Mbah Citro Moyo dereaken tindak bidal ngayahi kewajiban maju wonten ing palagan.
               
Ler ‘ kadyo perang baratayudha poro prajurit sak wadya bolo dipun barisaken ing padhang kuru setro tiyang Bungo sami gumegrah pikere kanthi tekad kang nyawiji podho metu soko omahe dewe-dewe sak perlu nderek perang kangge njagi kawibawaan ing deso lan utuhe tanah leluhur,ora antoro suwe wargo Des owes podho kumpul tumplek bleg ono ing damel ipun Mbah Citro Moyo kanthi nunggu bidalipun ing palagan,enggaling carito Mbah Citro Moyo miyos sangking damelipun ngagem busono bebet,jarik,stagenan lan belangkonan kanthi dipun damping adhik kandung ipun Ki Wiro Yudho ingkang ngligo ngimbo ler kadyo tiyang edan (Mboten Waras) selajeng bidal kaireng wong sak deso iring-iringan mlakumengetan ler kadyo napak tilas nyiliwer tanah deso,sak naliko wes notok kali alang nuli ono obo-obo mandhek ndisek konco lajeng Mbah Citro Moyo ngendiko sadulur ipun kabeh sak during kito miwiti penggawe soko omah tekan kene wes podho dhuwe niat mulo wiwit saiki kito ngelebur doso nyuwun pangapuro dhateng Gusti mugo pikantok kekuatan lan kemenangan,mulo papan kono diarani  LEBURAN.

Sak badhene rampung nuli rombongan mlaku mengalor bareng ketingal ing kang ndherek soyo katah lan barisane sak dawan-dawan pramilo diarani SADOWO,naliko sumerep tambah katah wadyo balanipun wong Bungo mulai ketingal sombong lan gumede ateges sok-sokan podho lali karo niate lan pengerane mulo ing papan kono kinaran SUSUKAN,akhiripun sami wanton mekso dhateng Mbah Citro Moyo supados enggal dibacotake anggenipun tetarong utawi perang,keranten sampun yakin menang ipun mulo diarani MESOYI.        

Kacarito  naliko kekarepan usulan-usulanipun ditampi lan dipun sanggupi Mbah Citro Moyo ora antoro suwe dumadaan krungu suworo kumandhange gamelan kang tinabuh rombongan Deso Kramat,ler kadyo tambur perang wes tinabuh terompet wes sinebul kabeh wadyo bolo wes siaga di angkatake perang lamat-lamat ketingal dampyak-dampyak rombongan Deso Kramat luwih akeh selajeng tiyang Bungo sami lemes,nderedheg,ajrih lan cilek atine nuli matur dhateng Mbah Citro Moyo supados dipun wurungaken anggenipun tarong nanging Mbah Citro Moyo malah duko lan kucewo ler kadyo senopati lan prajurite kalah perang tanpo logo.

Kanthi teges lan suoro kang banter kang nggeterake ati  kang podho was-was lan wedhi,panjenengane dawuh sedulurku kabeh sliramu soko omah podho mekso ngajak budhal perang ing palagan,arikolo mangkat seliromu podho katon gagah-gagah lan wani mati ananging kenapo,saiki bareng kerungu suworo gamelan tambur lan sompret wae atimu wes ciyut awak iro podho lemes koyo ora duwe otot,sedulur-sedulurku saiki ayo kito gumegrah di toto maneh niate,kencengi pikire warake tekate demi kawibawaan lan belo tanah leluhur Insya Allah kito menang.

Geliseng lelampah wadyo bolone wong Kramat terus maju ka’ireng gamelan lan joged mlakune ketingal dampiyak-dampiyak ngidulake lan mapakake rombongan wadyo balane wong Bungo mekaten ugi won-wong Bungo sak badhane dipun wejang Mbah Citro Moyo semangatipun sansoyo tambah kanthi cacut tali wondo rawe-rawe rantas malang-malang tuntas podho dhisik-dhisikan olehe mapakake musuh soko Kramat ora antoro suwe rombongan sak kloron podho pas-pasan nuli podho padudon kang ora biso sarujuk olehe podho mupakatan akhiri geger dadi gelut lan jotosan nganthi dadi petarungan kang gedhe mulo papan kono diarani PAPASAN.Cekak ing cerito wong Bungo kalah podho keplayu ngidulake di uber wong Kramat dadi uber-uberan mulo ing papan kono kinaran BEBERAN.

Wong Bungo kalang kabut kocar-kacir podho melayu nggolek lindungan sebab atine wes mulai limbung mulo kinaran LIMBUNGAN/LINDUNGAN.Ono kang banget wedine kuwatir kecekel nganthi bingung olehe melayu kepengin ngulon mbalek deso malah keliru ngetan nganthi kali alang kerono wedhi njegur sebab kepangkalan kali mulo papan kono diarani PENGKOLAN/PENGKOL.Mbah Citro Moyo piyambak ing kang teseh mertahan dumadaan kerungu suoro pangundhang ngasoh dhisik bedhok room-romo pramilo pangenan arahe suoro diarani DHOK ROMO.Semanten ugi keranten ningah wong Bung owes dong keplayu lan wektu awn soyo panas mulo wong Kramat ugo podho asuh kabeh lan pdho menda olehe tarung mulo papan kono diarani MENDATAR.Arikolo suryo wes lingser mengulon pans wes kroso adem wong Bungo kang podho ngumpet lan keplayu ing pinggire rowo jam-jaman kang saiki dadi dukuh BUNGO LOR peperangan dimulaimaneh wong Bungo podho mlaku ngalorake kanthi dibarisake ler kadyo miwiti peperangan maneh,kabeh wadyo bolo,prajurit,lan tantomo di barisake kanthi ono obo-obo dhisek konco-konco barisane di rapetake petarungane arep di mulai maneh mulo kinaran SEKOCO.Bareng wes podho siogo dumadakan Mbah Citro Moyo mboten ketingal piyambak,sedoyo sami bingung sebab sewau tiyang Bungo sami keplayu sahinggo Mbah Citro Moyo pisah sangking rombongan ananging ora antoro suwe sebab welas asihe Mbah Citro Moyo kang minang kani jejering sesepuh lan senopati neng perang ugo jagone wong Bungo medal ketingal sangking arah kulon kanthi ngundang-ngundang lan ngawe-awe supoyo podho moro lan ngumpul ing mriku ketingal welas asihe Mbah Citro Moyo mulo papan kono kinaran SETRO bareng ketingal wong Bungo ngumpul lan wani maneh nuli wong Kramat ngoyok maneh nanging wong Bungo lan Mbah Citro Moyo podho mogok lan mapakake nuli tarung maneh.

Kacarito tarunge ijen-ijen siji mungoh siji nganthi teteg-tetegan ora rampung-rampung nganthi sore mulo papan kono diarani KETEGANG keranten surupe suryo lan wes katon wengi tetarungan dirampungi wong Bungo lan wong Kramat bali menyang desane dewe-dewe ing wanci ndalu kabeh podho ngasuh kanthi nganak ake rerembagan kanggo tetarungan sesok lan soyo ndalu kabeh podho ngerampungi olehe rembagan nuli ono kang mapan turu ono kang jogo lan melek sarono nyeyuwun dhumateng Gusti mugo pikanthok kamenangan anggone maju ing palagan Mbah Citro Moyo piyambak minarak sowan wonten ing makom pepundenipun Mbah Panji Kusumo kanthi nyuwun pangestu soho mboten leren-leren anggenipun ndedungo dhumateng Gusti Allah mugi pareng ridho kekiyatan soho kamenangan ing kang mboten mbeto korban ing kawulo alit.Ngantos fajar mboten sare,bareng wes katon esok ing dinane Rebu Legi Mbah Citro Moyo lan wong Bungo sami bidal malehing palagan kanthi bekto bekal dhaharan lan minuman,sak sampunipun dhumugi panggenan nuli nggelar lampit lan kloso sedoyo sami sarapan utawi kepunganpramilo panggenan mriku diarani NGEPUNG NANGING WONTEN KANG KONDO NALIKO SORE WONG Bungo lan Kramat podho bali,wong Kramat ngirem tilek sandi ing papan kono supoyo sesok biso ngepung wong Bungo nyoto temenan bareng esok wong Bungo tumeko papan kono dumadhakan wes dikepung karo tilek sandine wong Kramat ing suasono kang bingung lamat-lamat ono suworo songko arah kidul,kulon rombongan songko Babalan podho obong-obong supoyo tarung dimulai maneh sak kawone mulo papan suoro kono diarani NGEBONG keranten miring wong Babalan bantu Bungo lajeng wong Berahan sami medal sak perlu bantu lan bolo Kramat,nuli podho mlaku ngepal ngalorake nanging kepogokan kali ora wani njegur nuli balek ular malih mulo diarani POGOG,mboten antawis dangu wong Berahan wes kumpul karo Kramat lan wong Babalan karo wong Bungo.

Geliseng cerito tetarungan dipun wiwiti maleh tantang-tinantang podho sesumbaran selajeng adu jotos soyo geger lan tambah rame pating glembor pating jlerit ora ono kang misah,akhire gullet wes ora biso beda ake endi konco/bolo lan endi mungsoh.Tatarungan tambah rame lan gede,kabeh ilmu kadig dayan jimat pusoko tombak kabeh wes di ketupake kabeh mulo diarani KETUPANG,nanging ora antoro suwe wong Kramat mulai keseser ngalor,semono ugo jago sak kloron podho tarung dewe nganthi gledek jago Kramat isih ora gelem kalah,mulo papan kono diarani KETUPANG JAGO,kang ginambur galenge menggak-menggak ler kadyo lakune jago kang gledek arep kalah.

Geliseng lelampah tetarungan tanding ora ono rampung-rampunge kabeh wes podho lemes lan kabeh ilmu kekuatan kadigdayan pusoko jimat tombak kabeh wes di tamakake nganthi entek,akhiripun Mbah Citro Moyo kanthi wibawo ning satrio kang dadi senopati ing perang lan komandane kabeh prajurit panjenengane ngendiko : ” wes kilembu saiki tetarungane dilereni luwih dhisik,supoyo ora dade’ake korbane kawul alit,kapriye lamun saiki tarung ijen antarane aku lan awakmu”.Ki Lembu manggut-manggut  sirahe,mboten kanyono-nyono Yi Laut ngucalaken wedung ipun lan disaut Ki Wiro Yudho langsung ditama aken datheng dadane Ki Lembu ananging mental Mboten tedas Ki Lembu malah ngguyu ngakak laka-lakak karo nyekel Ki Wiro Yudho sesumbar.Daar wong gendeng ora waras,awakmu ora pantes yen cidro,wanimu naming nglimpe ayo adu arep yen wani,maju ijen opo bebarengan ayo kroyoken aku,lajeng Mbah Citro Moyo mangsuli : “ojo,kumalungkang lan sesumbar koyo ngono Ki Lembu,aku ngerti karepmu,awakmu kepengen bales? Ki Lembu langsung mangsuli kanthi ati kang mangkel : “ Iyo ! aku kepengen mecahke dadane utowo nugel gulune,lajeng Mbah Citro Moyo jawab : Ora perlu awakmu bales marang adikku Wiro Yudho,cukup aku wa’e kang dadi gantine.Saiki ayo Wiro Yudho uculono wadunge tamakno marang aku wae,Mbah Citro Moyo ngendiko,saiki wadung wes ono ing tanganmu.Ki Lembu,ayo enggal baleso tamakno marang aku miliho sakarepmu,dumadaan Ki Lembu namak ake wadunge ono jojone Mbah Citro MOyo nanging ora tedas wong kang podho weruh lan nyekseni podho miris lan ngeremake mripate naliko ditamak ake maneh ono janggane Mbah Citro Moyo nanging kanthi pitulunge Gusti Allah ewadung mleset mumbul ning awing-awang lir kadyo kapak kang sinebul angin nuli tibo mengisor,ningali kedadosan meniko tiyang Bungo lan Babalan podho seneng-seneng bungah lan sorak-sorak mulo kinaran SEBURAK.Nuli Mbah Citro Moyo nyuwun supoyo wadunge dipundut lajeng diaturaken,ditingali kanthi dawuh wadung tempak ngene olehe ditemakake yo ora tedas pramilo papan tibane wadung diarani WADUNG TEMPAK.

Geliseng cerito akhiripun Mbah Citro Moyo ngajak tarung silem (selulup) kuat-kuatan endi kang junggul dhisik kalah.Tantangan ipun dipun tampi Ki Lembu, nuli jago sak kloron podho jegur ing kali seburak ono kang kondo kali sileman kanthi sineksenan wong patang deso kang tumplek bleg ngumpul dadi siji podho usel-uselan kepingin weruh lan ngerti ngantos ketingal mriseh wong kabeh mulo kinaran MRASEH. Ora antoro suwe silem dimulai jago loro podho silem,kanthi ngasto blengker lan mustiko bulus putih ugi lenggah ing sak nginggile watu Mbah Citro Moyo andamel irik/tolak sak jeroning banyu lan mboten leren-leren anggene nyeyuwun dhumateng Gusti Allah mugi pareng kekiyatan soko kemenangan mulo papan kono arane BLENGKER.Suwening-suwe kanthi nunggu jago sak klaron nuli podho padu olok-olokan ngunggulake jagone dewe-dewe .Wis saiki ora usah padu dibuktiake betah-betahan olehe silem mulo kinaran SEBETAH,jago loro podho saktine oara ono kang podo jumbul sak awit ba’da ngluhur nganti ngashar,gelisenf cerito Ki Lembu jago Kramat jumbul mengkurep kenter pejah/mbangke malang kali mulo diarani KALI BUWANGKE MALANG,nuli di inggerake bareng di walik mlumah rahine abang nemu getih,dene wong Bungo podo bingung sebab Mbah Citro Moyo dereng ketingal jumbul.Dumadaan mboten antawis dangu jumbul tur waluyo kanthi bekto tolak/irek nanging selirane lontrah-lantreh sebab tesih poso.

Selajeng dipun  papah lan digeret mentas mulo diarani KGERETAN,bareng ngerti yen jagone kalah,wong Kramat podo keplayu balik deso,wong Bungo terus ngojak lanngegumdang dumadaan krungu suoro ojo dumeh menang wong wis menang ojo gundang,sak naliko wong Bungo podo mandek lan mupakatan,wis saiki diketok tekan kene mulo diarani KETOKAN lan lampit kanga sale kanggo kepungan digulung lan diceblok ake minongko dadi batese tanah Deso lan kinaran TUGU LAMPIT.Dene wong Berahan podo keweden misah karo wong Kramat lan mlayu bali menyang desane konangan wong Bungo terus di oyak lan didesek nganthi ancur mulo aran SEKANCUR,nuli disawati (dibalangi) mulo kinaran SAWET.Lajeng sami munggah tanggul terus podo bali menyang desane kanthi gendong-gendongan sebab podo lemes mulo diarani GLENDONGAN.Ono kang cerito soko tembung glendong ora oleh opo-opo sebab sing dijago kalah/kawon.

Dene nasibe joget sak kloron karo rombongane wong Kramat lan Berahan dewekw terus mlayu ngumpet ing ngisore tanggulan krono banget wedine lan podo dredekkan/geter nganthi nggre geti penganggonane,mulo diarani GROGOL kang saiki dihadiahke wong Babalan sebab melu mbantu Bungo,nuli wong Bungo lan Babalan nggolek’I joget sak gong ditabuh wes ketemu lajeng sami nyuwun supoyo gamelan gong ditabuh lan joget sak kloron dikon tayub ing papan kono nuli ditetengeri kaliyan tanduran sak grombol mullo kinaran GRUMBUL GONG.

Wekdal lan soyo wengi suruping katingal mego kanga bang brambang ler kadyo greget wong-wong Bungo kang podo kendel lan wani jogo tanah leluhure lan kawibawan desane.Nuli podo bali menyang desane kanthi boyong joget sak kloron ugo gamelane minongko dadi joget boyongan lan tondo kemenangan tekan ngomah malem kemis pahing,kanthi pitulung Gusti Allah angsal kemenangan kang sejati.Mbah Citro Moyo kang dadi senopati dutaning negari,ngemban tugas suci kangge jogo kawibawan soho tanah leluhuring negari.Senajan kedah ngadepi mengsah kanthi toh pati,panjenengane ing kang madegani ngantos purnaning bhakti akhiripun Mbah Citro Moyo unggul angungguli,saget merantas pepalanging negari lan panjenengane keparingan hadiah seben  2 hektar  ing papan ketupang jago.Mugi-mugi Allah paring karidhonan atas perjuanganipun leluhur-leluhur Deso Bungo saget manfaati lan barokahi dhateng anak putu lan dipun tampi dados amalan sholikhan wamaq bulan amin-amin ya robbal alamin.


MBAH CITRO MOYO LAKU LELONO
LAN
WAFATIPUN MBAH PANJI KUSUMO
             
Nalikane griyo dalem Mbah Panji Kusumo sampun dados mboten antawes dangu ketamunan piyantun jaler ingkang bagus,sopan santun,lan mituhu kang nembe ngelampahi laku lelono asmane CitroMoyo wonten kang nyebut Sastro Moyo panjenengane santri Surabaya kang iseh katurunan Raja Majapahit Brawijaya IV/Prabu Kerta Wijaya sangking silsilah nasab Bapak lan Ibu.Sak sampunipun pinanggih Mbah Panji Kusumo panjenengane matur badhe nderek nyuwito darmo bekti ing ngarsane Mbah Panji Kusumogeliseng cerito pasuwitanipun di tampi lan akhiripun dipun dadosaken anak mantu kadaopaken kalian Dewi Karsih.Soyo dangu-dangu Mbah Panji Kusumo gerah ngantos sedo,selajeng Deso Bungo.Ler kadiyo keselimutan geglayataming mendung kasusahan kang kapundut dening gusti kang nurbung dumadi ateges wafat.

Arikolo jasad ipun Mbah Panji Kusumo di sareaken ing kubur Brangwetan meniko mboten antawes dangu wonten kedadosan ingkang luar biasa angnganeh-nganehi medalipun gondo arum lan wangi kandani wong kang cerito meniko gandane minyak “JAYENG KATON”.Soyo dangu tiyang ing kang sami ziaroh tambah katah-katah,mboten naming tiyang Bungo nanging ngantos tiyang monco deso sami ziaroh saben dinten rinten ndalu rame sanget wonten pesarehanipun sami nyekar lan sami mundi-mundi pramilo diarani “PUNDEN” sebab sebab minangko dados pepundenipun tiyang ingkang sami nyekar sak lajeng ipun dipun wontenaken Juru Rumat/Juru kunci dene ingkang wiwitan meniko Mbah Citro Moyo kang minangkani dados jejereng sesepuh antosipun Mbah Panji Kusumo.

Geliseng cerito Deso Bungo soyo rame lan tambah akeh penduduke,ananging ibarate alas kang ora ono macane Deso Bungo kados serni lingsem ing kawibawan sahingga Berandal,kecu,rampok,maling podo wani mlebu ing Deso Bungo ora namung kuwi deso-deso kang ono kiwo tengene Bungo ugo podo iri kepengen ngeroyok tanah leluhur Bungo koyo dene Deso Kramat kang ono arah lore Bungo,sabendino ora leren-leren anggone memengsahan mboten wonten kang misah olehe podo tukar padhu nganti dadi gelut lan jotosan soyo dangu,podo tambah soyo wanine akhire wong Bungo podo bingung olehe miker,sebab uripe ora biso ayem lan tentrem.
               
Enggaling cerito dumadaan wong bungo podo kerungu kabar yen wong Deso Kramat kang nggolek jago wes entok soko Deso Cendono kudus arane Ki Kembu ono kang kondo Ki Lembu Suro  
Bila ada kesalahan penulisan saya minta maaf ,dan jika ada masukkan silakan di komentar.
Baca Selengkapnya...